Pages

Tampilkan postingan dengan label BASA JAWA. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label BASA JAWA. Tampilkan semua postingan

Rabu, 19 Februari 2014

Bebasan

Bebasan yaiku unen – unen seng ajek panggonane ngemu surasa pepindhan, sing ditindhakake kahanane wong.
Tuladha :
1.      Ana daulate ora ana bejane
Tegese : Wis arep nemu kabegjan, nanging ora sida.
2.      Cuplak andheng – andheng ora prenah anggonane
Tegese : Wong utawa samubarang kang njalari ala, prayoga disingkirake.
3.      Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot
Tegese : Yen wes tinadir (jodoh) kayangapa mesti bakal kelakon (dadi)
4.      Gajah alingan suket teki
Tegese : Lahir karo bathine bedha banget, mesti bae ketara.
5.      Kegedhen empyak kurang cagak
Tegese : Kegedhen kekarepan nenging ora sembada.

Kamis, 13 Februari 2014

Tembung Parikan


           Tembung 'parikan' ana gandheng cenenge karo tembung 'pari'. Ing basa Melayu ana rumpakan kang kasebut 'pantun'.Kanthi ringkes,parikan iku ngemu paugeran :

a. Parikan sapada kadaden saka patang gatra
b. Purwakanthine a b a b
c. Gatra kapisan lan kapindho minangka sampiran, gatra katelu lan kapat isining parikan.

         Parikan uga akeh tinemu ing : tari ngremo (ludruk), seni karawitan (jula-juli), seni sastra, lan ana uga kang tinemu ing basa padinan.
Tuladhane :
  1. Parikan Ringkes
  2. Parikan kang dhinapur rong gatra
  3. Parikan kang dhinapur patang gatra

Purwakanthi


 Purwakanthi asale saka tembung :
·         Purwa : Wiwitan / ngarep
·         Kanthi : Gandheng
Dadi purwakanthi yaiku gandhengan swara / basa / aksara tembung sing ngarep karo tembung sing mburi.
Purwakanthi kebagi dadi 3 yaiku :
1.      Purwakanthi guru swara yaiku gandhenge swara tembung sing ngarep karo tembung sing mburi.
Tuladha :      - Ana awan ana pangan
                   -  Putri – putri
                   - Ireng – ireng njenges
                  -  Becik kethithik
                   - Ala ketara

2.      Purwakanthi guru sastra / aksara : Sing rujuk / pada aksarane / konsonan.
Tuladha :      - Kala, kula, kelas, kalih, kalung, kula, kalih
                   -  Slaman, slumun, slamet
                   -  Adigang, adigung, adiguna

3.      Purwakanthi guru basa / lumaksita : Sing rujuk / pada pungkasane / akhir gatra ngarep karo angkatane gatra mburi.
Tuladha :      - Kolik priya, priyagung anjani putra
-  Mung ing tirta, tirta kandheng ing samodra

Senin, 27 Januari 2014

GEGURITAN

GEGURITAN

1.       Sejarah Geguritan
Basa Jawa iku sugeh kasusastran, salah sijine yaiku geguritan.Geguritan iku wujude kaya puisi ing basa Indonesia, nanging migunakake basa Jawa. Miturut kamus,geguritan yaiku tembung uran – uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang, naging guru gatra,guru wilangan lan guru lagune ora ajeg.Miturut Subalidinata geguritan iku iketaning basa kang memper syair.Mula ana kang ngarani geguritan iku syair Jawa gagrag anyar.Geguritan iku asale gurita, kang asle saka tembung gita kang ateges tembang.Geguritan iku asil cipta rasa penulise kang nuwuhake kaendahan. Maca geguritan iku satemene duweni tujuan supaya wong kang krungu, ngrungokake kanthi ati kang wening supaya bisa mengerteni maknane geguritan kasebut. Mula sapa bae kang arep maca geguritan wis semsthine maknani geguritan luwih dhisik. Amarga maca geguritan tanpa mengerti isine, anggone maca bakal sasar  susur ora karuan.

Cak – cakan uatawa praktik maca geguritan saora – orane nyakep patang prakara yaiku :

a.        Olah Swara (Olah Vokal)
Olah swara iki kesambung karo kedaling lesan,tata pangaturing napas, lan pamedhoting ukara. Swara kang dihunakake pryoga menawa swara pandharan, dudu swara saka dhadha amarga yen swara dhadha  kurang manteb lan napase kurang kuat.

b.        Penampilan
Maca geguritan iku kudu nggatekake solah bawa,ekspresi,lan jiwane geguritan,umpamane isine geguritan iku sedhih, pasuryane ya kudu katon nelangsa supaya sing mirengake melu sedhih. Semono uga yen isine bab semangat juang kang greget ya ekspresi pasuryane kudu katon tegas, mandhes, lan makantar – kantar.

c.         Sambung (Komunikatif)
Manawa maca geguritan iku antarane kang maca lan ngrungokake kudu nyawiji, tegese maca tanpa ana kang ngrungokake ora guna. Semono uga kang ngrungokake yen ora ana kang maca bakal kalaksanan.

d.        Sarana
Sarana yaiku apa wae kang dhukung supaya anggone maca geguritan tamah “nges”. Sarana bisa awujud mik (pengeras suara),panggung,gendhing,lan sapanunggale.

Kanggo luwih nggampangake anggone memahami lan ngrasakake isine geguritan,yaiku kanthi cara menehi tanda mandeg :
a)      Tandha / kanggo gantine tandha koma,karepe mandeg sedhela,
b)     Tandha // kanggo gantine tandha titik,karepe mandheg,
c)      Tandha = karepe larik siji lan sijine isih ana sesambungane utawa ora mandeg.

TEMBUNG LINGGA LAN TEMBUNG ANDHAHAN


1.        Tembung Lingga (Kata Dasar)

Tembung lingga yaiku tembung kang durung owah saka asale, kang durung oleh imbuhan apa – apa, utawa tembung kang isih wungkul, isih wantah utawa isih asli. Tembung lingga isoh digolongake wujud bebas (bentuk bebas). Tembung lingga ana kang dumadi saka sakwanda, rong wanda, utawa telung wanda (suku kata).

Tuladha :

-          Turu
-          Tangis
-          Pari
-          Pangan
-          Mustaka
-          Tulis
-          Laku
-          Caping

2.         Tembung Andhahan (Kata jadian)

Tembung andhahan yaiku tembung kang owah saka asale. Tembung andhahan dumadi saka tembung lingga kang oleh imbuhan utawa tembung lingga kang wis dirimbag. Owah – owahan iku bisa awujud :
-          Wuwuhan (imbuhan)
-          Ngrangkep tembung (kata ulang)
-          Nyambor tem bung (kata majemuk)
Salah sawijini cara ndhapuk tembung andhahan iku kanthi menehi wuwuhan, wuwuhan iku ana telu yaiku : ater - ater (awalan),seselan (sisipan),lan panambang.
a.      Ater - Ater
Tembung andhahan amarga oleh ater – ater umpamane :
Nyilih : ny- + silih
Mlaku : m- + laku
Diwaca : di- + waca
Kesandhung : ke- + sandhung
Dakjupuk : dak- + jupuk
b.      Seselan
Tembung andhahan amarga seselan umpamane :
Gumuyu : um + guyu
Tinulis : in + tulis
Kerelip : er + kelip
c.       Panambang
Tembung andhahan amarga oleh panambang umpamane :
Telatan : telat + -an
Awake : awak + -e
Bukuku : buku + -ku
Tulisen : tulis + -en
d.      Wuwuhan Gaabung
Tembung andhahan amarga oleh wuwuhan gabung umpamane :
Digawakake : di- + gawa -ake
Njupaki : n- + jupuk -i
Nilisaka : n- -ake

UNGGAH - UNGGUH BASA

Basa Ngoko Andhap (Ngoko Alus) 

 
Wujude :
Tembung kanggo awake dhewe migunakake basa ngoko. Tembang kanggo wong ke loro lan wong ke telu. Migunakake basa krama inggil. Tuladha :
 
1.      Aku mangan, bapak adus => Aku mangan bapak siram
2.      Bapak turu, aku adus => Bapak sare, aku adus (Ing krama madya dadi : Bapak sare kula adus)
Manut unggah – ungguh basa jawa, kebagi dadi loro yaiku :
1.      Basa Ngoko, dipilah dadi loro yaiku :
a.      Basa Ngoko Lugu :  Basa ngoko kabeh ( lajur 1 )
b.      Basa Ngoko andhap / Ngoko alus : Basa Ngoko, kecampuran basa krama inggil (lajur 3) lajur I + III. Kanggo wong sing di ajak guneman (wong ke II) + sing di omong (wong ke III)
#) Tuladha :
Ibu menyang kantor => Ibu tindak kantor
Bapak mangan lonthong => Bapak dhahar lonthong
1.      Basa Krama Alus
Tembang – tembang kanggo wong ke siji (Awake dewe), nganggo basa madya (lajur II), tembung – tembung kanggo wong ke II lan ke III nanggo lajur ke III (krama inggil).
#) Ngoko lugu : Ibu tuku beras ing toko numpak sepedha
                         : Ibu mundhut wos wonten toko nitih sepedha